Senin, 29 September 2008

Cerpen Pertamaku

Ini adalah cerpen pertamaku yang dipublikasikan di JB, sebuah majalah mingguan berbahasa jawa. yang terbit di Surabaya. kalo ingat aku masih sering senyum... Bagaimana kaget dan gembiranya waktu ada pak pos ngantar no bukti ke rumah sebagai pemberitahuan kalo cerpenku telah dimuat. Dan saking senengnya...honor menulis pertamaku yang tak seberapa menjadi tak penting lagi.... Jaya Baya...terimaksih banyak kamu telah banyak membantu.

AKU

Jaya Baya 7 Februari 1993

Dening : Alis Muntono

Aku jaka umur wolulas taun luwih sethithik, luwih rolas taun. Najan rada tuwa nanging jare kanca – kanca aku aku isih ketok enom ketimbang embahku. Temenan kuwi, pancen aku isih ketok enom ketimbang umurku. Resepe ?! Amarga aku ora tau methentheng yen ngadepi masalah apa wae. Santai – santai saja, kuwi prinsipku. Ning ora merga kuwi sing ndadek ake aku durung mengku sawijining pawestri. DPR, Durung Payu Rabi jare kanca – kanca. Uga ora kok aku iki ora kepingin. Suwalike kepuuuingiin buanget! Nanging arep kepiye maneh yen sikon ora ngakon. Sakjane wis wis kaping enem aku meh rabi. Neng ana ana wae alesane wurung. Sing sepisanan bapake sing sing ora setuju. Sing ping pindone emake seng ora setuju, ping telu embahe, ping pat pak dhene, ping limo paklike, ping enem tanggane. Kabeh alesane padha: aku durung kerja njur bojoku arep tak pakani opo?!! Jare aku bocah mbambung pegaweyane nglanthung saba turut lurung. Jare aku bocah ucul pegaweyane ngalor ngidul, kaya pak tani kelangan pacul. Jare aku bocah bloon pegaweyane ngetan ngulon kaya pak dhalang kelangan blangkon. Jare aku bocah …..ah mbuh, mbuh, mbuh…….

Saiki ngrembug masalah profesi. Lulus SMEA aku umur wolulas taun. Rampung lulusan aku langsung coba coba golek gaweyan. Rong taun ngalor ngidul, mlebu metu tanpa entuk asil. Pancen tak akoni yen bab pengalaman kerja aku nul puthul, nanging yen pengalaman golek kerjaan aku dhuwe sak gudang. Rong taun gagal aku lunga merantau. Setaun neng Jakarta, rong taun ning Surabaya, setaun setengah ning Kalimantan. Mulih saka perantauan ora nggawa dhuwit babarpisan, malah dadi tangisan nalika tekan omah. Patang taun setengah kepungkur nalika aku mangkat, awakku gothot lemu, bareng muleh ora nduwe otot, kuru. Rumangsa gagal ning perantauan aku duwe pikiran arep wiraswasta ning omah. Wiwitane dodolan cilik – cilikan kayata : pitik, bebek, banyak, mentok lan sak endhok – endhoke pisan. Asile lumayan seminggu isa entuk telung puluh ewu, patang puluh, malah kadhang – kadhang entuk seket barang. Ning ya kuwi ora nganti rong wulan emak wis ora duwe ingon – ingon babarblas gusis ora nyisa, kabeh tak lego menyang pasar. Ning aku wong gemi, ora seneng hura – hura. Dhuwit asil dodolan pitik tak tukokake mesin tik. Barang sing banget tak impi – impi wiwit aku lungguh ning bangku SMP. Amarga aku pancen aku cita – cita dadi pengarang sing kondhang. Sabanjure aku wiwit ngarang, ngarang apa wae sing bisa tak karang. Asile? Saben sepuluh karangan sing tak kirimake mung siji sing dimuat. Aku ora nglokro, karangan – karangan sing gak dimuat tak klumpukake. Sapa ngerti mbesuk – mbesuk redakture lali banjur gelem muat yen tak kirimake maneh. Amarga asil saka ngarang durung maremake aku duwe pikiran anyar maneh. Kepengin dodolan. Ning saiki ora cilik – cilikan maneh. Nalika wong saomah padha turu nglipus, sapine bapak tak geret metu siji. Tak giring karo Dhe Sapino blantik sapi tangga desa. Mulih saka pasar aku wis ngedhengkreng ning dhuwur jok Yamaha butut. Na….ya wiwit kuwi aku dadi tukang ojek sing nyambi ngarang. Eh, ora dhing pengarang sing nyambi ngojek. Nganti saprene iki….

Rada aras – arasen sepedha motor tak lakokne, alon – alon. Wis limang dina iki pundhakku sing sisih tengen udunen. Rasane ora karu – karuan. Apamaneh yen dienggo thenguk – thenguk, mula nadyan rada males aku tetep metu. Tekan terminal jam wolu sewelas menit kliwat rong detik setengah. Wis ana wong papat sing njanggol: Jiman, Jamin, Parjo karo Kamto. Sepedha tak jagang ning paling lor, antrian nomer lima. Durung nganti mudhun saka sepedha Jamin nyedhaki aku.

“ Li, aku ana perlu sethithik. Ayo!”.

Aku ora nulak nalika tanganku digeret mlebu warunge yu Sarmi.

“ Yu sarapan loro, karo kopine sisan! ”.

Aku meneng wae. Nanging sakjane kudu ngguyu, amarga ngene iki rak pantese dheweke sing mbayari. Ning sapa sing ora kenal karo Jamin?.

“ Ayo Li, dipangan! Aja dipandheng thok,” Jamin ngabani.

Aku ra nggawa dhuwit lho Min.”

“ Ah gampang kuwi.”.

Aku mesem kecut. Dene Jamin malah ngakak rumangsa yen tak sindhir.

Sawise bubar mangan.

“ Li, aku saiki lagi….”.

“ Butuh dhuwit,” Aku cepet munggel guneme.

“ He-eh.”

“ Kanggo?”

“ Anakku sing nomer telu kenek tipes. Ngamar ning rumah sakit.”

Aku unjal ambegan landhung. Kanca siji iki pancen seng paling sregep utang nyang aku. Aku ora maido pira ta pengasilane tukang ojek. Apamaneh dheweke ngingoni anak papat sing kabeh doyan sega lan gelem dhuwit. Lha wong aku sing bujangan wae ora cukup yen mung njagakake saka ngojek thok, apa maneh Jamin?

“ Aku ana dhuwit seket Min. Mbuh cukup mbuh ora kanggo kowe. Ning aja kabeh sing sepuluh tak nggone isi dhompet.”

Akhire aku ora tegel karo Jamin. Patang lembar puluhan tak dudut saka dhompet. Jamin mesem bungah.

“ Min! Kae lho ana penumpang siji,” Jiman nyusul mlebu warung.

“ Sik, sik pira yu?”

“ Wis Min, ndang diangkat!”

“ Gak gak Li, tak bayarne. Anu wae piye Li, angkaten kowe wae aku tak keri – keri gak apa – apa.“

Dheg! Meh wae aku tiba keshandung watu nalika weruh calon penumpangku. Apa …dheweke? Tenan mesti dheweke aku ora pangling.

“ Ayo Li ndang diangkat! Tanggamu dhewe, Bogorejo jarene,” Kamto mbengok bareng weruh aku metu saka warung.

“ Murni? Kok esuk?” mung kuwi kang metu saka lambeku sing biasane paling crewet yen weruh bocah wedhok sing rada melek.

“ Mas Ali?” pitakone sajak kaget banget.

“ Ayo tak terke!”

Sepedha tak bradhat banter gak maelu kanca – kanca sing pating cruet kaya bethet. Bareng wis rada adoh saka terminal sepedha tak alonke.

“ Anakmu endi Mur? Kok ijen wae?”

“ Apa mas Ali durung ngerti critane?”

Aku meneng wae senajan aku wis ngerti kahanane Murni saknyatane. Aku pengen Murni dhewe seng nyritakake.

“ Apa mas Ali durung weruh critane? Aku pisah sak durunge Elwi lair. Mas Utomo kawin mung nuruti kekarepane wong tuwane thok. Dheweke ora dhuwe sethithik wae rasa tresna marang aku. Lan dheweke uga ora kepengin nyoba”

Murni panggah kaya pitung taun kepungkur. Terus terang ora tau nutup nutupi apa wae kang lagi dialami utamane marang aku.

“ Yen mas Ali kepriye critane?”

“ Aku? Ha ha ha ….Meh wae aku dadi wong edan sawise kowe di boyong bojomu neng Malang.”

“ Kuwi salah sampeyan dhewe.”

“ Salahku?”

“ Iya. Nalika mas Ali tak jak lunga saka desa kene mas Ali malah nulak.”

“ Ha ha ha…. Kawin lari? Aku rak wes ngomong ta, yen kawin lari kuwi wis kesel, Mur. Apa awakmu gak…. Aduhh!”

Durung rampung olehku ngomong ndadak tangane Murni nggablok pundakku sisih tengen pas ning udune. Aku ora bisa ngempet lara sing ngaget kuwi, lan tanpa bisa tak kendhaleni maneh setir sepedhaku oleng menggok ngiwa ngarah jurang sacedhake tretek. Lan…..

Pancen yen wis dikarepake dening sing Kuwasa apa bae bisa kelakon. Contone awakku dhewe, aku sing kejegur jurang sing jerone limalas meteran isih bisa ambegan maneh. Lan malah Murni sing tak boncengake mung tatu sethithik ning rai lan gegere thok, amarga dheweke ora katut kejegur jurang. Dheweke kecantol wit secang nalika kontal saka sepedha motor.

Wis ana seminggu aku ngglethak ning rumah sakit. Lan wong sing paling sregep besuk mung Murni. Dheweke ngalah – ngalahi emak lan bapakku. Saben dina Murni mesthi teka, malah Bapak lan Ibuke uga melu najan mung khadangkala. Mangka pitung taun kepungkur ora tau sapa aruh marang aku. Malah dheweke tau ngusir aku nalika aku dolan ning omahe Murni. Ning saiki? Mungkin wae bapake Murni ngrumangsani yen anake sing marahi aku kacilakan.

Wis suwe, Mur?” aku tangi nalika krungu jangkahing sikil”

“ Ora , lagi wae kok” Murni njawab karo mbalang eseme.

“ Ijen?”

“ He eh. Ning aku mau ketemu Lik Jamin. Dheweke titip iki kanggo Mas Ali.”

Murni mbukak tase lan ngetokake bungkusan lan amplop putih marang aku.

“ Ana surate? Coba wacakke!”

Cepet Murni nyeleh bungkusane ning meja lan nyuwek amplop putih kang isih dicekeli.

Kanggo Ali kanca raketku. Sadurunge aku njaluk sepura. Terus terang wae dhuwit saka awakmu kae ora sida tak enggo ongkos berobate anakku. Sepisan maneh sepuranen aku. Dhuwit kuwi tak enggo tuku nomer nomboki plate motormu, lan persis metune. Mula saka iku sing rong puluh lembar tak kirimke awakmu. Muga – muga bisa kanggo tambah tuku obat. Saka aku Jamin

Mur, tulung jupukke bungkusan kuwi karo korekan ning chedake kuwi pisan!”

“ Korekan?” Murni takon sajak kaget banget. *

1 komentar: