Senin, 29 September 2008

Cerita pendek keduaku ini (masih berbahasa Jawa) mengambil seting daerah asal saya wilayah Randublatung, Blora dan juga seperti di cerpen pertama, aku adalah perantau di Kalimantan. Sebuah angan – angan limabelas tahun silam yang akhirnya jadi kenyataan sekarang. Bahkan sekarang bukan hanya perantau tapi memang talah menetap di Kalimantan.


KALAH LAN MENANG

Panjebar Semangat, 1 Januari 1994
Dening: Alis Muntono
Bis jurusan Randu – Cepu wis kebak penumpang. Hawa panas jam sewelas awan kecampur ambu kringete penumpang nambahi rasa sumpeg lan jengkel. Para penumpang sing wis kawit mau ning njero bis wiwit padha grundelan. Lan malah ana kang misuh - misuh barang. Nanging sapa sing dipisuhi, lha wong sopire wae isih klepas - klepus ngematake keluk rokok ing sacedhake bakul rambutan.
Sawise manceb ceb kekehan penumpang bis kang tak tumpaki wiwit tleser-tleser ninggalaki terminal. Hawa seger kang mlebu liwat cendhala nyuda sethithik rasa panas sing ora mekakat.
Randublatung, limalas taun kepungkur durung ana bis kaya ngene iki. Aja maneh bis, sedheng kol omprengan wae susah golek-golekane. Siji-sijine angkutan sing paling gampang ya mung sepur sing tekane ajeg wae telat. Dadi yen arep ning Cepu rekaasa yen arep culik, ora nginep.
“Tindak pundi mas?” kondektur wiwit narik karcis.
“Randu”
“Tiyang pinten?”
“Setunggal,” wangasulanku karo ngulungake dhuwit limang atusan salembar.
Limalas taun pancen waktu sing ora sedhela. Ning rasane kok kaya lagi rong wulan utawa telung wulan kelakon. Apa pancen amarga ora ana kang dak kapangi lan ngapangi aku? Iku bisa wae. Nanging tak kira ora mung kuwi thok sebabe. Limalas taun kepungkur aku lunga nggawa ati tatu lan ati kang murub. Nganti kawetu tekadku ora bakal midakake sikilku mane ing tanah kelahiranku iki. Nanging sapa sing bisa nemtokake nasibing manungsa?.
Wektu kuwi wong sak kampung geger nalika weruh aku gelut karo Mardiyanto ning wetane bale desa. Pancen kedadeyan kaya ngono kuwi wis makaping-kaping, ora mung lagi sepisan iki. Nanging ya lagi saiki musuhku tak gawe pangewan-ewan ing sak ngarepe wong akeh. Mangka perkarane mung pe sepele wae. Bengi kuwi aku lan Endah mulih nonton kethoprak saka bale desa. Lagi, wae mlaku kira-kira rongatus meteran saka bale desa aku ketemu karo Mardiyanto. Dheweke ngendheg lakuku. Ya ning sakngarepe raiku dheweke ngelokake Endah prawan murahan sing gelem digawa ngalor ngidul karo sapa wae. Sing luwih nglarakake atiku dheweke ngelokake aku bocah bodho amarga gelem karo sisane dheweke. Meshti wae aku muntab, nanging isih tak tahan. Apamaneh bareng aku mambu minuman keras saka ababe. Nanging Mardiyato ora bisa digawe becik. Dheweke malah coba kurang ajar karo Endah lan ngomong ora karu - karuwan. Aku kang duwe watak brangasan ora bisa ngempet maneh. Tanpa maelu pamenggake Endah, Mardiyanto tak ruket, tak tendhang, tak jotos. Wiwitane dheweke pancen bisa ngimbangi, nanging sapa sing bisa ngalahake aku sing pancen wis kulina adu jotos? Apa maneh dheweke setengah mabuk.
Sedhela wae papanku gelut wis kebak dening wong amarga pambengoke Endah. Nanging wong-wong kuwi padha ora wani nulungi Mardiyanto. Amarga wis padha ngerti sapa aku? Joko Utomo, anake wong dhugdheng sing disungkani wong sak Banyu Urip. Wong-wong kuwi mung nguwasake lan mubeng gawe kalangan. Iki kebenaran kanggoku amarga aku bisa ngajar Mardiyanto sakkatogku tanpa wedi yen dheweke bakal mlayu. Aku lagi nglereni anggonku milara Mardiyanto sing ora bisa sambat maneh kuwi bareng weruh Bapakku miyak kalangan. Aku meneng wae , paling-paling arep ngajak mulih.
Tanpa ngendikan apa-apa Bapak nyedhaki aku. Bareng wis cedhak, dumadakan wae sikil lan tangane Bapak wis kumlawe nyampluk uwang lan dhadhaku. Ora nganti dipindho maneh aku sing wis kentekan daya nggeblak ngathang-ngathang. Antarane rasa kesel lan lara sing tak rasakake aku isih kober mikir geneya Bapak kok malah ngajar aku? Apa merga weruh Endah ning sacedhakku? Amarga pancen Bapak nate nglarang aku srawung raket karo Endah. Kanthi sisa-sisa tenaga sing isih ana aku nyoba tangi, nanging durung nganti aku kasil Bapak wis ndugang raiko sak bantere. Aku ora bisa ngrasakake apa-apa maneh, kabeh malih peteng. Bareng wis eling, sepisanan sing tak weruhi pasuryane Ibu sing kebak eluh lagi mangku sirahku. Banjur Mbak Endang sing lagi ngelapi getih ing irung lan pilinganku nganggo banyu anget. Durung nganti ganep pikiranku, tak rungu Bapak nggedhor lawang kamar lan ngakon aku lunga saka omah. Embuh karana daya apa dumadakan aku ngadeg saka dipan. Tanpa maelu Ibu lan Mbak Endang kang nyoba nggondheli aku cepet mbukak lawang lan metu saka kamar. Mung siji sing ana ning ati aku kudu lunga saka omah kene wektu iki uga.
“Randhu, terakhir !” abane kondektur nyupet angen-angenku. Agahan tak juput tas gedhe saka sangisore jok. Kanthi rada rekasa aku metu saka bis sing kebak penumpang. Mudhun saka bis wis dipapag dening tukang becak lan ojek sing padha nawakake tenagane. Aku gedheg. Kanthi jangkah alon-alon aku mlaku ngalor saurute dalan sangarepe pasar sing wiwit sepi amarga jam rolas kliwat sethithik. Sawise tekan protelon salore pasar aku mandheg mampir ning musholla cilik kulon dalan.
Wis dadi pakulinanku wiwit rong taun kepungkur, ing endi wae yen wis wektune sembahyang aku mesthi leren, nindakake kuwajibanku. Pakulinanku iki wiwit aku srawung raket karo pak Abdul Azis, ulama asal jombang sing wis netep ning Balikpapan. Ya amarga pak azis uga sing ndadekake aku gelem mulih menyang tanah jawa, sawise limalas taun ora tau kirim kabar.aku sadar yen apa sing tak tindakake wani ma rang wong tuwa biyen kleru banget.
Sawise mbayari ojek tak gelak jangkahku nuruti kareping ati sing wis kumudu-kudu tekan omah.apa bapak lan ibu padha kuwarasan, apa Mbak Endang isih manggon sak omah karo Bapak lan Ibu ?.Yen ora banjur Bapak karo ibu kancani sapa ? Pitakon-pitakon kuwi dumeling terus ning kuping.
Lagi wae entuk sajangkah sikilku mlebu regol omah mripatku meruhi sawijining wong lanang sing wis rambut putih lagi maprasi pager luntas. Wong tuwa kuwi menthelengi aku sajak kaget dene aku mlebu ora uluk salam.
“Lik Mardi?” aku lagi kelingan ten wong tuwa kuwi pangone Bapak sing wis ngenger wiwit aku umur limang taun.
“Sinten nggih ?” Lik mardi durung bisa ngeling-eling aku, ketara dheweke isih kaya wong bingung.
“Masa lali Lik ? Aku joko”.
“Joko ?”
“Iya, Joko Utomo !”
“Mas Joko ?!” bareng wis weruh karo mlayu dheweke ngruket aku terus nangis ngguguk.
“Apa ta Lik, kok nangis kaya bocah cilik wae”
Lik Mardi ngeculake pangrangkule
“Bapak ana ?”
“O…..ra, ora ana” wangsulane gugup.
“Ning endi ?”.
“Wis, wis ndang cepet mlebu omah dhisik.ora ilok durung njujug omah kok takon werna-werna.” Lik Mardi ora mangsuli pitakonku malah ngangkat tasku digawa mlebu.
”Wis Lik dekek ning kamar ngarep wae aku tak ning mburi dhisik, kosong ta kamar ngarep ?”.
Aku ora nunggu wangsule Lik Mardi amarga aku wis kebelet selak kepengin memburi.lagi wae tekan pawon,ndadak…..
“Lho! Lik sawi ta iki ?” aku langsung bisa nengeri wong wadon sing nyaponi jogan pawon kuwi, amarga dhewe ke emake endah.lan pancen rupane mirip banget karo Endah.
Lik Sawi, kaget sauntara.dumadakan rupane malih pucet.
“Mas joko ? Ka…Kek..kapan dugine ?” pitakone gugup lan gemetar.
“Lagi wae kok lik,” wangsulanku karo mbukak lawang kiwan.
Metu saka kiwan Lik Sawi wis ora ana ning pawon.mesthine wae wis mulih amarga pegaweyane wis rampung. Lik Sawi mono pancen serig rewang nih omah kene, apamaneh yen lagi acara trus masak sing rada akeh. Kamar-kamar tek leboni kabeh. Ora ana wong sing isa tak temoni, Bapak, Ibu, lan Mbak Endang kabeh ora ana. Malah Lik Mardi uga ora ana ning omah. Gek padha ning endi ta wong-wong kuwi. Mengko gek . ……? Ah ora! Ning pancen ana rasa sujana ing atiku. Kelingan omongane Lik Mardi mau, lan gugupe Lik Sawi nalika sepisanan weruh tekaku. Mesthine ana sing ora beres kedadean ing omah kene.
Aku wiwit ora jenjem, ning njero omah samene gedhene iki ijen Najan iki omahku dhewe nanging rasane kok asing banget. Kuwi tak kita amarga aku kulina manggon ing kamar sing ciyut sasuwene ning parantuan. Tak deleng jam tembok ing ruang tamu nuduhake angka telu kurang sepuluh, mesthine wis mlebu wektu asar.ateges aku wis ngenteni meh rong jam luwih.
Durung nganti aku mudhun saka dhipan sawise sholat asar aku krungu swara watuk saka njaba kamarku. Cepet tak lempit sajadahku.mesthi iki bapak sing teka, aku isih apal karo watuke.
Bapak wis ngenteni ngarep kamar. Aku ora bisa kumecap apa-apa, meneng, mung nyawang wong tuwa sing isih katon gagah ing ngarepku iki. Panyawange bapak tajem….ah kaya panyawange limalas taun kepungkur nalika arep ngajar aku, Apa Bapak isih duka ?.
“Ngapa Kowe mulih ?” sidane Bapak sing luwih dhisik miwiti.
Tanpa bisa ngucap apa-apa maneh aku langsung nubruk wong tuwa ing ngarepku iki lan ngrangkul sukune. Lan ora tak bendng maneh tangisku ambrol.
Nanging kuwi ora suwe amarga kanthi cepet bapak ngangkat aku banjur ngrangkul ruket banget. Sing ndadekake aku kaget bareng tak rungu tangise Bapak ing sacedhake kupingku. Bapak muwun?
“Sepuranen Bapak nang” sepisan maneh Bapak sing ndhisiki ngendikan.
“Ah, mboten. Bapak mboten lepat, kula ingkang lepat ageng Pak. Keng putra ingkang kedah ngaturaken kalepatan” aku wiwit nguwasani kahanan.
“Lungguha sing kepenak Bapak arep crita”.
“Ah, mangke kemawon Bapak dereng siram ta?”. Tur malih………”
“Ora. Kowe kudu ngerti kedadeyen sabenere ko. Amarga aku wis suwe banget nunggu wektu kaya iki. Aku ru mangsa dosa gedhe karo kowe” Bapak nglereni anggone rembugan karo unjal ambegan.
“Ibumu wis ora ana . Kira-kira sepuluh taun kepungkur.sawise kok tinggal dheweke tansah lara-laranen. Dene mbakyumu Endang melu bojone ing kudus”.
“Kowe mau ketemu Sawi?”.
Aku manthuk.
“Dheweke gantine Ibumu ”.
“Bapak?!” aku kaget banget ukarane kang pungkasan kuwi.
“Dawa critane Ko. Sadurunge kowe lunga saka omah kene, sawi wis arep dadi Ibumu. Kuwi kabeh saka karepe suwargi dhewe. Amarga dheweke wis ora bisa dadi wanita sejati. Lan ibumu uga sing nari karo sawi. Nanging wektu kuwi Sawi nulak, amarga wedi karo kowe. Mulane aku lan ibumu menging kowe sambung raket karo Endah. Nanging jebul kowe ora bisa dituturi, nganti ana kedadeyan ing cedhak bale desa kae. Wektu kuwi aku kaya kesetanen, aku rumangsa getun nduweni anak sing ora bisa diatur wong tuwa. Nanging sawise kuwi aku rumangsa dosa gedhe, geneya aku ora bisa ngalah karo anakku dhewe? Mulane saiki sakarepmu. Kowe isih nganggep aku wong tuwa apa ora. Aku manut le”.
“Sampun pak, mboten sisah dipikir nemen-nemen. Dospundi kemawon kula ingkang lepat. Amargi kula tiyang enem ingkang murang tata wantun kalih tiyang sepuh. Lajeng sakmenika Endah wonten pundi ?”
“Dheweke wis ora ana. Nglalu amarga rumangsa salah gedhe lan isin”
Mung swara pisambat lan panggresah sing kawetu.
***




.

1 komentar:

  1. Mas bagaimana kabare? Sepertinya aku pernah baca tulisan ini. Masih aktif kah sekarang sampeyan?

    Terus berkarya ya?!

    BalasHapus